Wardjito Soeharso
Rama lan Biyung: Aja Tutup Lawang!
Ukara-ukara wis pada nyingkir
Ing pinggiran sepi kang mamring
Sakabehing makna kelangan isi
Kayadene Jaka lan Prawan kang jetungan
Nuruti tapak-tapak prastawa dina-dina wingi
Kapungkur turahan sejarah dongeng Rama Biyung.
Ah, dongeng sejarah
Dongeng panglipur jaman kepungkur
Mbuh nyata mbuh ora
Piye karepe
Tetep wae njilma wewayangan ora gelem ilang
Apa wis rampung kudu tutup lawang?
Wong buktine ya tetep dadi kekarepan
Sing pengin dibolan-baleni maneh
Dening Jaka lan Perawan!
Horoto kono!