berokan
Rg Bagus Warsono

Berokan

Wedhi lan penasaran
Menungsa tapi raine macan
Nganggo klambi karung goni
Kulit loreng
Tetet toet Tetet toet
Dudhu lolongan
Lan rerintih ngantuk
Pura-pura lulut
Nangin pura-pura galak
Musik klasik ora karuan puguh lagu
Nayagani Berokan siji nembang
Terus bocah-bocah pada ngece
Perawan gemuyu
Awit awit sing klambi abang diudag
Berokan ora nyekel sing melayu, tapi medheni
Ngubek karo mbuka nutup cangkeme
Gawe deg degan ati
Kula melayu apa muji
Berokan.