/ geguritan

Presiden Apa Weruh, geguritan Rg Bagus Warsono

Presiden apa weruh?
438030434_7413982538678113_1661272787879266592_n
Slametan hari pendidikan
Loro Mei taun saiki
Enem kelas diajar guru relawan
Siji sekolah diwei siji guru pegawai negeri
Biasane mung siji Pak Mantri
Guru akeh tapi karepe ora dibayar
Mangkane diarani sukwan
Artine mbesuke dadi pahlawan
pahlawane pendidikan
Minteraken bocah tapi ora upahan
Ngenteni diangkat kapan waktune
Sampe rambute methu uwane
Sampe enthok sabare
Presiden apa weruh?
Yen guru negeri nyekeli gaji tanggal siji
Nggegem segepok atusan ewu
Guru sukwan diparingi telu lembar
Presiden apa weruh?
Yen guru negeri nyekeli kartu ATM
Nylerek duit sedalan-dalan
Guru sukwan kon nyekeli absen muride sedina-dina.
Presiden apa weruh
Guru negeri akeh utange!
Nrima gaji mung catetane wae
Guru sukwan ngguyu
Sing nelangsa iku aku dudu koe guru negeri.
Rg Bagus Warsono 2 Mei 2024