/ geguritan

ATMAJA POLAH BAPA OBAH, Sarwo Darmono

GEGURITAN ( Puisi Bhs Jawa ):

**Sarwo Darmono **
ATMAJA POLAH BAPA OBAH

Praja Panca Brata
Praja kang kondang kaloka
Sak indenging jagat raya
Kang aran kerajaan Panca Brata
Mapan ing bantala mulya
Bantala kang kebak boga
Kinepung sewu samodra
Saha harga dahana
Kawulane maneka warna
Kabeh manunggal sajuga
Manembah marang kang Maha kawasa
Kanthi ageman diri priyangga
Laku budi pekerti tata krama
Patuh pranatan praja
Manut miturut dawuhe raja
Tansah nindak ake adat seni budaya
Praja Panca Brata
Raja nya kang aran Prabu Sapta
Raja Gung binathara
Berbudi bawa leksana
Tansah sinuyudan para kawula
Nindake pakaryan praja
Kanthi arif wicaksana
Linambaran rasa lila legawa
Kang graita hamung kawula lan praja
Murih kawula gesang mulya
Praja aman sentosa damai sarta jaya
Tansah milangkori njajah desa
Sanja marang para kawula
Paring suka marang warga
Kang cingkrang boga
Saha gesang rekasa
Tan kendat mbangun praja
Murih prajanya mukti lan tansah jaya
Ora kalah karo praja manca
Udhakara nawa mangsa Prabu Sapta jumeneng nata
Prasasat tanpa cacat
Kang ana sarwo prayoga
Nanging pungkasan jumeneng nata
Gawe gara gara
Merga tangis atmaja
Kang nggayuh papan lenggah kang endah
Atmaja polah bapa obah gawe tambah
Atmaja polah jangkah
Nggayuh Papan lenggah kang endah
Kang bisa gawe marintah
Marang para titah
Sarta para kadang kang tinanggenah
Bapa obah mujutke atmaja bungah
Lenggah ing papan kang endah
Rumangsa minangka pangarsa praja
Ora susah ngrubah pranatan praja
Kanthi cara ngrekadaya angger anggering praja
Diolah murih ana celah
Minangka srana mujutke papan lenggah kang endah
Jejering Bapa obah kanggo atmaja
Kuwi kahanan kang lumrah
Kang ora lumprah kuwi
Bapane minangka pangarsa praja
Nabrak pranatan praja
Ora pantes tinuladha
Ora patut sinawang kawula
Kudune tansah paring tulada
Samu barang karya
Wusana nuwuhke rasa kuciwa para kawula
Laku prayoga dangune nawa mangsa
Amarga tangis atmaja sirna sak nalika
Kang ana kawula kuciwa
Kang ana kawula dhuka
Kuciwa, dhuka, mung kawula sudra
Kaanggep maruta kang ora guna
Mugi Kang Maha Kawasa
Tansah paring dumateng Praja Panca Brsra
Aman damai sentosa
Para kawula gesang guyub rukun sejahtera

Lumajang, Jumat Pon 16 Februari 2024
Pangripto Darmo Sabdaaji